Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita,
hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih,
denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.
Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking
kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama
sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener
dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam
kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng
gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba
suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama
dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning
ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa
punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh
mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan,
Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes
suwarnipun Rama.